Kamis, 01 Oktober 2015

Kerem ing Tyas



Jenengmu..
Bakal kamot ing ati
Swaramu..
Bakal tetep dak rungokake
Paninggalmu..
Bakal tetep ana ing jatining pandulu
Namung sliramu, ora bakal balik ing angga iki.
Duh Gusti..
Agring banget ati iki
Karasa lalis urip iki
Yen weruh dheweke karo wong liya.
Duh Gusti..
Amba ngupaya lila menawi dheweke karo wong liya
Namung apa kang dak rasakake?
Kaya netesake weluh ing weteng
Yen amba pari peksa nglalikake, mung pikanthuk rasa kaciwa

                                                                                                                                               DWN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar